Wednesday, November 5, 2008

Jayabaya's Prophecy-1

Kitab Musarar inganggit duk Sang Prabu Jayabaya
Ing Kediri kedhatone
Ratu agagah prakosa tan ana kang malanga
Parang muka samya teluk pan sami ajrih sedaya

Milane sinungan sakti
Bathara Wisnu punika anitis ana ing kene
Ing Sang Prabu Jayabaya
Nalikane mangkana pan jumeneng Ratu Agung
Abala para Narendra

Wusnya mangkana winarni
Lami-lami apeputra jalu apekik putrane
Apanta sampun diwasa ingadekan raja
Pagedhongan tanahipun langkung arja kang nagara.

Maksihe bapa anenggih
langkung suka ingkang rama Sang Prabu Jayabayane
Duk samana cinarita pan arsa katamiyan
Raja Pandhita saking Rum nama Sultan Maolana

Ngali Samsujen kang nami sapraptane sinambrama
Kalawan pangabektine kalangkung sinuba suba
Rehning tamiyan raja lan seje jinis puniku
Wenang lamun ngurmatana

Wus lengah atata sami nuli wau angandika
Jeng Sultan Ngali Samsujen “Heh Sang Prabu Jayabaya”
Tatkalane ing sireku, Kandhane Kitab Musarar
Prakara tingkahe nenggih
Kari ping telu lan para nuli cupet keprabone
Dene ta nuli sinelan liyane teka para
Sang Prabu lajeng andeku wus wikan titah Bathara

Lajeng angguru sayekti Sang-a Prabu Jayabaya
Mring Sang raja pandhitane
Rasane Kitab Musarar Wus tunumlak sadaya
Lan enget wewangenipun
Yen kantun nitis ping tiga Yen wis anitis ping tiga
Nuli ana jaman maning Liyane panggaweningwang
Apan uwus den wangeni Mring pandhita ing nguni

Tan kena gingsir ing besuk Apan Maolana Ngali
Jaman catur semune segara asat
Mapan iku ing Jenggala
Lawan iya ing Kediri Ing Singasari Ngurawan
Patang ratu iku maksih Bubuhan ingsun kaki
Mapan ta durung kaliru

Negarane raharja Rahayu kang bumi-bumi
Pan wus wenang anggempur kang dora cara
Ing nalika satus warsa Rusake negara kaki
Kang ratu patang negara Nuli salin alam malih
Ingsun nora nduweni Nora kena milu-milu
Pan ingsun wus pinisah Lan sedulur bapa kaki
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang

Ana sajroning kekarah Ing tekene guru mami
Kang nama raja pandhita Sultan Maolana Ngali
Samsujen iku kaki Kawruhana ta ing mbesuk
Saturun turunira Nuli ana jaman maning
Anderpati arane Kalawisesa

Apan sira linambangan Sumilir kang naga kentir
Semune liman pepeka Pejajaran kang negari
Ilang tingkahing becik Negara kramane suwung
Miwah yudanegara Nora ana anglabeti
Tan adil satus taun nuli sirna

Awit perang padha kadang Dene pametune bumi
Wong cilik pajeke emas Sawab ingsun den suguhi
Marang si Ajar dhingin Kunir ta ingsun
Nuli asalin jaman Majapahit kang nagari
Iya iku Sang-a Prabu Brawijaya

Jejuluke Sri Narendra Peparab Sang Rajapati
Dewanata alam ira Ingaranan Anderpati
Samana apan nenggih
Lamine sedasa windu
Pametuning nagara Wedale arupa picis
Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar

Juwadah satakir iya Sima galak semu nenggih
Curiga kethul kang lambang
Sirna salin jaman maning Tanah Gelagah wangi
Pan ing Demak kithanipun
Kono ana agama Tetep ingkang amurwani
Ajejuluk Diyati Kalawisaya

Swidak gangsal taun sirna Pan jumeneng Ratu adil
Para
wali lan pandhita Sadaya pan samya asih
Pametune wong cilik Ingkang katur marang Ratu
Rupa picis lan uwang Sawab ingsun den suguhi
Kembang mlathi mring ki Ajar gunung Padhang

Kaselak kampuhe bedhah Kekesahan durung kongsi
Iku lambange dyan sirna Nuli ana jaman maning
Kalajangga kang nami Tanah Pajang kuthanipun
Kukume telat Demak Tan tumurun marang siwi
Tigang dasa enem taun nuli sirna...



source: unknown

No comments: