Wednesday, November 5, 2008

Jayabaya's Prophecy-2

Semune lambang Cangkrama Putung ingkang watang nenggih
Wong ndesa pajege sandhang
Picis ingsun den suguhi Iya kajar sauwit
Marang si Ajar karuhun Nuli asalin jaman
Ing Mataram kang nagari Kalasakti Prabu Anyakrakusumo

Kinalulutan ing bala Kuwat prang ratune sugih
Keringan ing nungsa Jawa Tur iku dadi gegenti
Ajar lan para wali Ngulama lan para nujum
Miwah para pandhita Kagelang dadi sawiji
Ratu dibya ambeg adil paramarta

Sudibya apari karma Alus sabaranging budi
Wong cilik wadale reyal Sawab ingsun den suguhi
Arupa bawang putih Mring ki Ajar iku mau
Jejuluke negara
Ratune ingkang miwiti Surakarta semune lintang sinipat

Nuli kembang sempol tanpa
Modin sreban lambang nenggih Modin sreban
Panjenengan kaping papat
Ratune ingkang mekasi
Apan dipun lambangi Kalpa sru kanaka putung
Satus taun pan sirna
Wit mungsuh sekutuh sami
Nuli ana nakoda dhateng merdagang

Iya aneng tanah Jawa Angempek tanah sethithik
Lawas-lawas tumut aprang Unggul sasolahe nenggih
Kedhep neng tanah Jawi Wus ngalih jamanireku
Maksih turun Mataram Jejuluke kang negari
Nyakrawati kadhatone tanah Pajang

Ratu abala bacingah Keringan ing nuswa Jawi
Kang miwiti dadi raja Jejuluke Layon Keli
Semu satriya brangti Iya nuli salin ratu
Jejuluke sang nata
Semune kenyo musoni
Nora lawas nuli salin panjenengan

Dene jejuluke nata Lung gadhung rara nglingkasi
Nuli salin gajah meta Semune tengu lelaki
Sewidak warsa nuli
Ana dhawuhing bebendu Kelem negaranira
Kuwur tataning negari Duk semana pametune wong ing ndesa

Dhuwit anggris lawan uwang
Sawab ingsun den suguhi Rupa getih mung sapitrah
Nuli retu kang nagari Ilang barkating bumi
Tatane Parentah rusuh
Wong cilik kesrakatan Tumpa-tumpa kang bilahi
Wus pinesthi nagri tan kena tinambak

Bojode ingkang negara Narendra pisah lan abdi
Prabupati sowang-sowang
Samana nglaih nagari Jaman Kutila genti
Kara murka ratunipun
Semana linambangan Dene Maolana Ngali
Panji loro semune Pajang Mataram

Nakodha melu wasesa
Kadhuk bandha sugih wani
Sarjana sirep sadaya Wong cilik kawelas asih
Mah omah bosah-basih Katrajang marga agung
Panji loro dyan sirna Nuli Rara ngangsu sami
Randha loro nututi pijer tetukar

Tan kober paes sarira
Sinjang kemben tan tinolih
Lajengipun sinung lambing Dene Maolana Ngali
Samsujen Sang-a Yogi Tekane jaman Kala Bendu
Ing Semarang Tembayat
Poma den samya ngrawuhi
Sasmitane lambang kang kocap punika

Dene pajege wong ndesa
Akeh warninira sami
Lawan pajeg mundhak-mundhak
Yen panen datan maregi
Wuwuh suda ing bumi
Wong dursila saya ndarung
Akeh dadi durjana Wong gedhe atine jail
Mundhak taun mundhak bilahining praja

Kukum lan yuda nagara
Pan nora na kang nglabeti
Salin-salin kang parentah Aretu patraping adil
Kang bener-bener kontit
Kang bandhol-nbandhol pan tulus
Kang lurus- lurus rampas
Setan mindha wahyu sami
Akeh lali mring Gusti miwah wong tuwa

Ilang kawiraningdyah Sawab ingsun den suguhi
Mring ki Ajar Gunung Padhang
Arupa endang sawiji Samana den etangi
Jaman pitung atus Pitung puluh pan iya
Wiwit prang tan na ngaberi
Nuli ana lamate negara rengka

Akeh ingkang gara-gara Udan salah mangasa prapti
Akeh lindhu lan grahana
Dalajate salin-salin Pepati tanpa aji
Anutug ing jaman sewu Wolung atus ta iya
Tanah Jawa pothar pathir Ratu Kara Murka Kuthila pan sirna

Dene besuk nuli ana
Tekane kang Tunjung Putih
Semune Pudhak kasungsang
Bumi Mekah dennya lair
Iku kang angratoni Jagad kabeh ingkang mengku
Juluk Ratu Amisan Sirep musibating bumi
Wong nakoda milu manjing ing samuwan

Prabu tusing waliyulah Kadhatone pan kekalih
Ing Mekah ingkang satunggal Tanah Jawi kang sawiji
Prenahe iku kaki Perak lan gunung Perahu
Sakulone tempuran Balane samya jrih sajagad
Kono ana pangapura
Ajeg kukum lawan adil
Wong cilik pajege dinar
Sawab ingsun den suguhi Iya kembang saruni
Mring ki Ajar iku mau Ing nalika semana
Mulya jenenging narpati
Tur abagus eseme lir madu puspa

-end

source:unknown

No comments: